Purwakanthi


  1. Purwakanthi
Para kadang mahasiswa, ing ngriki kula badhe medharaken salah satunggaling kasusastran basa Jawi, inggih menika babagan purwakanthi.
Purwakanthi inggih menika ambalaning swara utawa tembung wonten ing sajroning ukara, kang gadhahi fungsi inggih menika supados ukara kalawau tansah luwih endah lan kepenak nalika dimirengake. Purwakanthi kaperang dados tiga, inggih menika :
  1. Purwakanthi guru swara utawi saged dipunsebat asonansi, inggih menika ambalaning swanten vokal ing satunggaling ukara utawa gatra wonten ing tembang.
Tuladha :
  1. welinging guru, wong iku kudu mituhu marang bapa ibu, supaya slamet sing tinemu
  2. ana awan, ana pangan
  3. becik ketitik, ala ketara
  1. Purwakanthi guru sastra utawi saged dipunsebat aliterasi, inggih menika ambalaning swanten konsonan ing satunggaling ukara utawa gatra wonten ing tembang.
Tuladha :
  1. Pak Karta tuku kertu dhuwite kertas, nunggang kreta pating kertep liwat Kreteg Kertasana
  2. Petruk patroli karo putrani loro putra putri
  3. Kala kula kelas kalih kalung kula keli kalen kilen kula, kalung kula kelip-kelip kula kulup-kulup
  1. Purwakanthi basa utawi saged dipunsebat purwakanthi lumaksita utawi reduplikasi anadiplosis, inggih menika ambalaning tembung utawi frase ingkang berurutan wonten ing ukara utawi ing sajroning gatra tembang.
Tuladha :
  1. Asung bekti, bektine kawula marang Gusti
  2. Pandhu suta, suta madyaning Pandhawa
  3. Saking tresna, tresnane mung samudana

Komentar

  1. Assalamu'alaikum nimas ayu sulistya, sugeng tetepangan kulo tiyang jawi ingkang kirang ngertos kabudayan piyambak.
    Kabudayan luhur ingkang kedah dipun uri uri meniko. Alhmdllh saget panggih panjengan wonten mriki.
    Saking Agus, udanawu blitar
    Wassalam

    BalasHapus
    Balasan
    1. wa'alaikum salam mas agus mustajib indra wijaya,,
      inggih sugeng pitepangan ugi,,
      punika kula inggih taksih sinau,,

      Hapus

Posting Komentar