Postingan

Menampilkan postingan dengan label Makul Keterampilan Berbicara

Purwakanthi

Purwakanthi Para kadang mahasiswa, ing ngriki kula badhe medharaken salah satunggaling kasusastran basa Jawi, inggih menika babagan purwakanthi. Purwakanthi inggih menika ambalaning swara utawa tembung wonten ing sajroning ukara, kang gadhahi fungsi inggih menika supados ukara kalawau tansah luwih endah lan kepenak nalika dimirengake. Purwakanthi kaperang dados tiga, inggih menika : Purwakanthi guru swara utawi saged dipunsebat asonansi, inggih menika ambalaning swanten vokal ing satunggaling ukara utawa gatra wonten ing tembang. Tuladha : welinging g u r u , wong ik u k u d u mit u h u marang bapa ib u , s u paya slamet sing tinem u a n a a w a n, a n a p a ng a n bec i k ket i t i k, a l a ket a r a Purwakanthi guru sastra utawi saged dipunsebat aliterasi, inggih menika ambalaning swanten konsonan ing satunggaling ukara utawa gatra wonten ing tembang. Tuladha : Pa k K a rt a t u k u k e rt u dhuwi t e k e

Tuladha Atur Pambuka lan Paripurna

1.       Pambuka Sedaya para tamu kakung miwah putri ingkang tansah anengenaken tumindak utami. Gegandhengan wekdal sampun nedahaken tabuh sedasa jumbuh kaliyan serat sedhahan ingkang sampun kaaturaken, pramila titilaksana tasyakuran aqiqah mangga kita wiwiti kanthi maos basmallah sesarengan : “Bismillahirrahmanirrahim”. Mugi-mugi kanthi kita wiwiti nyebat asmanipun Gusti Allah ingkang Maha Mirah lan Asing, gesang kita tansah kinasihan Gusti ingkang Maha Kuwaos lan tansah pinaringan rejeki ingkang kathah saha barokah. Allahuma..... “amin”. 2.       Paripurna Para sesepuh, para pinisepuh kakung miwah putri ingkang luhur ing budi, para tamu sinedhahan ingkang bagya mulya, sarta para rawuh ingkang kula bekteni. Awit saking rahmat, hidayah, saha berkahipun Allah SWT tasyakuran aqiqah anak ayu Fitria Kurnia Astuti saged prasaja, wiwit purwa madya lan wasana tansah kalampahan kanthi rancak lan runtut. Sepisan malih Bapak Riyanto sekaliyan ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami menggah ka