Apresiasi Langgam Jawa


TUGAS KETERAMPILAN MENYIMAK II
Disusun guna memenuhi tugas Mata Kuliah Keterampilan Menyimak II
Dosen Pengampu : Favorita Kurwidaria, S. S., M. Hum.



Oleh :
WAHYU SULISTIYANINGSIH
K4211065



PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA JAWA
FAKULTAS KEGURUAN DAN ILMU PENDIDIKAN
UNIVERSITAS SEBELAS MARET
SURAKARTA
2012






Wuyung
Cipt : Ismanto

Larane lara
(sakitnya sakit)
Ora kaya wong kang nandang wuyung
(tidak seperti orang yang sedang jatuh cinta)
Mangan ra doyan, ra jenak dolan
(tidak nafsu makan, mainpun tidak nyaman)
Nang omah bingung
(di rumah bingung)
Mung kudu weruh
(hanya ingin bertemu untuk melihat)
Woting ati duh kangmas wong bagus
(jembatan hati duh kangmas yang tampan)
Apa ora trenyuh
(apa tidak merasa prihatin)
Sawangen iki awakku sing kuru
(lihatlah badanku ini yang sudah kurus)
Klapa mudha leganana
(kelapa muda luangkanlah)
Nggonku nandang bronto
(diriku yang sedang jatuh cinta)
Witing pari dimen mari
(pohon padi supaya sembuh)
Nggonku nglara ati, aduh nyawa
(sakit hatiku, aduh nyawa)
Dhuh dhuh kusuma
(dhuh dhuh bunga pujaan hati)
Ora krasa apa pancen tega
(tidak merasa atau memang tega)
Mbok mbalung janur
(mbok tulang janur)
Paring usada nggonku nandang wuyung
(berilah obat dalamku dilanda cinta)

  • Suraosipun ‘isi makna syair dalam lagu’ :
Tiyang ingkang nembe nandang wuyung, raosipun anaming susah, mangan boten eco, dolan boten saged jenak, ugi wonten griya anaming rumaos bingung. Tiyang ingkang daktresna kedah saged ngraosaken menapa ingkang dipunraosaken dening pangripta, angantos dadosaken badanipun pangripta kuru.
Pangripta nyuwun menapa dene tiyang ingkang daktresna menika sageh nglegaaken manah marang piyambakipun supados sakit atinipun saged dipunobati. Pangripta rumaos bimbang, menapa tiyang ingkang dipuntresnani menika saged ngraosaken menapa ingkang dipunraosaken pangripta ugi, utawi tiyang menika leres tega dhumateng piyambakipun. Anaming usada ingkang dipunsuwun, kangge ngobati piyambakipun ingkang nembe nandang wuyung. Intinipun seratan tembang kasebat, inggih menika tresna ingkang boten pikantuk piwales saking pepujaning ati.
(Orang yang sedang jatuh cinta, yang ada hanya merasa gelisah, makan tak enak, tidur tak nyenyak, mainpun juga tak bisa menikmati. Seharusnya orang yang dicintainya itu mampu merasakan apa yang telah penyair rasakan, hingga membuat dirinya menjadi kurus.
Penyair menginginkan orang yang dicintainya itu meluangkan hati untuk dirinya agar sakit hatinya dapat terobati. Penyair merasa bimbang, apakah orang yang dicintainya itu mampu merasakan apa yang ia rasakan atau memang benar-benar berlaku tega terhadap dirinya. Penyair berharap orang yang dicintainya itu memberikan obat akan dirinya yang sedang dilanda jatuh cinta itu. Inti dari syair lagu tersebut adalah orang (penyair) yang cintanya bertepuk sebelah tangan.)

Yen Ing Tawang Ana Lintang


Yen ing tawang ana lintang, Cah ayu
(jika di langit ada bintang, cantik)
Aku ngenteni tekamu
(aku menunggu kedatanganmu)
Marang mega ing angkasa
(kepada awan yang ada di angkasa)
Ingsun takokke pawartamu
(aku menanyakan kabarmu)
Janji-janji aku eling, Cah ayu
(aku teringat akan janji-janji, cantik)
Sumedhot rasane ati
(terasa menyayat hati)
Lintang-lintang ngiwi-ngiwi, Nimas
(bintang-bintang menggoda, adek)
Tresnaku sundhul wiyati
(cintaku setinggi langit)
Dhek semana, janjiku disekseni mega kartika
(ketika itu, janjiku disaksikan oleh awan dan bintang)
Kairing rasa tresna asih
(diiringi rasa kasih sayang)
Yen ing tawang ana lintang, Cah ayu
(jika di langit ada bintang, cantik)
Rungokna tangising ati
(dengarkan tangisan hatiku)
Binarung swarane ratri, Nimas
(ditemani suara malam, adek)
Ngenteni mbulan ndadari
(menantikan datangnya bulan purnama)
  • Suraosipun ‘isi makna syair dalam lagu’ :
Nyariosaken babagan pangripta ingkang dipuntilar dening tiyang ingkang dipuntresnani. Nalika mirsani tawang ingkang kathah lintang, piyambakipun kemutan kaliyan tiyang ingkang dipuntresnani ingkang sampun dangu boten kondur. Angantos piyambakipun taken pawarta dhumateng mega ing angkasa.
Kemutan kaliyan janji ingkang sampun kaucap sesarengan, rumaos medhot manah. Lintang dados seksi katresnanipun pangripta ingkang ngantos nyundhul wiyati. Pangripta anaming nyuwun tiyang ingkang dipuntresnani menika saged ngraosaken ugi mirengaken tangising manah. Kanthi dipunrencangi swaraning ratri, pangripta ngentosi mbulan ndadari.
(Menceritakan tentang orang (penyair) yang ditinggal pergi oleh orang yang dicintainya. Dia merasa ketika menatap langit yang berbintang, ia teringat akan orang yang dicintainya yang kian lama pergi dan ditunggu tak kunjung datang. Hingga ia meluapkan rasanya dengan menanyakan kabar orang yang dicintainya itu kepada awan di langit.
Teringat akan janji yang telah terucap bersama, terasa menyayat hati akan kenyataan yang telah terjadi, bintang yang menjadi saksinya akan cinta penyair yang begitu besar. Ketika penyair menatap langit yang berbintang, ia berharap orang yang dicintainya itu mampu merasa dan mendengarkan jeritan tangis hatinya. Meresapi suara di tengah malam, ia menanti akan hadirnya bulan purnama.)


Jenang Gula
Cipt : Markasan


Jenang gula, kowe aja lali (jenang gula, dirimu jangan sampai lupa)
Marang aku iki to kangmas (pada diriku ini, kakak)
Nalikane nandang susah (ketika sedang susah)
Sapa sing ngancani (siapa yang menemani)


Lara Branta
Cipt : S. Darminto


Yen kelingan mring sliramu (jika teringat akan dirimu)
Aduh kadya runujid atiku (aduh seperti tertusuk hatiku)
Yen siang tansah katon ngalela (jika siang selalu terbayang)
Dalu datan nora bisa nendra (malam tidak bisa tidur)
Apa sliramu wis lali tenan (apakah dirimu sudah benar-benar lupa)
Dhek semana nate janji (ketika saat itu pernah berjanji)
Nadya arep urip bebarengan (akan menjalani hidup bersama)
Bungah susah dilakoni (susah senang dijalani)


Mawar Biru


Tumetesing waspaku (air mataku mengalir)
Ora tega rasaning atiku (tidak tega rasanya hatiku)
Ninggalake sliramu (meninggalkan dirimu)
Priya idhamanku (lelaki idamanku)
Tansah katon esemu (selalu terlihat senyummu)
Ngawe-ngawe rasaning atiku (memanggil-mangil rasa hatiku)
Ngelingake … (mengingatkan ....)
Nalika bareng mlaku-mlaku (ketika jalan-jalan bersama)


Jangkrik Genggong


Kendhal kaline wungu (Kendal sungainya ungu)
Ajar kenal karo aku (belajar mengenal akan diriku)
Lelene mati digepuk (lelenya mati dipukul)
Gepuk nganggo walesane (dipukul dengan jorannya)
  • Kendahan ingkang wonten ing salebeting syair tembang kasebat, inggih menika :
  1. Rima
a. pada ingkang kaping setunggal = a-b-a-b ‘lara-wuyung-dolan-bingung(“Wuyung”)
b. pada ingkang kaping kalih = a-a-a-a ‘weruh-bagus-trenyuh-kuru(“Wuyung”)
c. pada ingkang kaping sekawan = a-a-b-b ‘kusuma-tega-janur-wuyung(“Wuyung”)
d. pada ingkang kaping setunggal = a-b-b-a ‘lali-kangmas-susah-ngancani(“Jenang Gula”)
e. pada ingkang kaping setunggal = a-a-b-b ‘sliramu-atiku-ngalela-nendra(“Lara Branta”)
f. pada ingkang kaping kalih = a-b-a-b ‘tenan-janji-bebarengan-dilakoni(“Lara Branta”)
g. pada ingkang kaping setunggal = a-a-a-a ‘waspaku-atiku-sliramu-idhamanku(“Mawar Biru”)
h. pada ingkang kaping kalih = a-a-b-a ‘esemmu-atiku-ngelingake-mlaku’ (“Mawar Biru”)
2. Wangsalan
a. pada ingkang kaping tiga ‘klapa mudha leganana’, batanganipun klapa mudha inggih menika degan. (“Wuyung”)
b. pada ingkang kaping tiga ‘witing pari dimen mari nggonku nglara ati’, batanganipun wit pari inggih menika damen. (“Wuyung”)
c. pada ingkang kaping sekawan ‘mbok mbalung janur, paring usada nggonku nandang wuyung’ batanganipun balung janur inggih menika sada. (“Wuyung”)
d. pada ingkang kaping setunggal gatra setunggal ‘jenang gula, kowe aja lali’, batanganipun jenang gula inggih menika gulali. (“Jenang Gula”)
3. Purwakanthi
a. Purwakanthi guru swara
- pada ingkang kaping setunggal gatra setunggal ‘larane lara, inggih menika asonansi vocal [a] (“Wuyung”)
- pada ingkang kaping setunggal gatra tiga ‘mangan ra doyan, ra jenak dolan’, inggih menika asonansi vocal [a] (“Wuyung”)
- pada ingkang kaping kalih gatra setunggal ‘mung kudu weruh’, inggih menika asonansi vocal [u] (“Wuyung”)
- pada ingkang kaping tiga gatra setunggal ‘klapa mudha leganana’, inggih menika asonansi vocal [a] (“Wuyung”)
- pada ingkang kaping tiga gatra tiga ‘witing pari dimen mari’, inggih menika asonansi vocal [i] (“Wuyung”)
- pada ingkang kaping sekawan gatra kalih ‘ora krasa apa pancen tega’, inggih menika asonansi vocal [a] (“Wuyung”)
- pada ingkang kaping setunggal gatra setunggal ‘yen ing tawang ana lintang’, inggih menika asonansi vocal [a] (“Yen Ing Tawang Ana Lintang”)
- pada ingkang kaping setunggal gatra tiga ‘marang mega ing angkasa’, inggih menika asonansi vokal [a] (“Yen Ing Tawang Ana Lintang”)
- pada ingkang kaping kalig gatra setunggal ‘janji-janji aku eling’, inggih menika asonansi vocal [i] (“Yen Ing Tawang Ana Lintang”)
- pada ingkang kaping tiga gatra setunggal ‘dhek semana, janjiku disekseni mega kartika’, inggih menika asonansi vocal [a] (“Yen Ing Tawang Ana Lintang”)
- pada ingkang kaping setunggal gatra tiga ‘nalikane nandang susah’, inggih menika asonansi vocal [a] (“Jenang Gula”)
- pada ingkang kaping setunggal gatra tiga ‘yen siang tansah katon ngalela’, inggih menika asonansi vokal [a] (“Lara Branta”)
- pada ingkang kaping setunggal gatra sekawan ‘dalu datan nora bisa nendra’, inggih menika asonansi vocal [a] (“Lara Branta”)
b. Purwakanthi guru basa
- pada ingkang kaping setunggal gatra setunggal larane lara’, inggih menika ambalaning tembung lara (“Wuyung”)
- pada ingkang kaping setunggal gatra setunggal ‘yen ing tawang ana lintang, cah ayu’, inggih menika wanda ing tembung tawang lan lintang (“Yen Ing Tawang Ana Lintang”)
- pada ingkang kaping setunggal gatra tiga lan sekawan ‘lelene mati digepuk, gepuk nganggo walesane’, inggih menika ambalaning tembung gepuk (“Jangkrik Genggong”)
  1. Dwi lingga
  1. Padha swara
  • Pada ingkang kaping kalih gatra setunggal janji-janji aku eling, cah ayu’, inggih menika tembung janji (“Yen Ing Tawang Ana Lintang”)
  • pada ingkgng kaping kalih gatra tiga lintang-lintang ngiwi-ngiwi, nimas’, inggih menika tembung lintang lan ngiwi (“Yen Ing Tawang Ana Lintang”)
  • pada ingkang kaping kalih gatra kalih ngawe-ngawe rasaning atiku’, inggih menika tembung ngawe (“Mawar Biru”)
  • pada ingkang kaping kalih gatra sekawan ‘nalikane bareng mlaku-mlaku’, inggih menika tembung mlaku (“Mawar Biru”)
  1. Dwipurwa
  • Pada ingkang kaping kalih gatra tiga ‘nadya arep urip bebarengan’, inggih menika tembung bareng-an (“Lara Branta”)
  1. Majas personifikasi
  • Pada ingkang kaping setunggal gatra tiga lam sekawan ‘marang mega ing angkasa, ingsun takokke pawartamu’, inggih menika taken warta dhateng mega (“Yen Ing Tawang Ana Lintang”)
  • pada ingkag kaping kalih gatra tiga lintang-lintang ngiwi-ngiwi, nimas’, inggih menika lintang kang ngiwi ‘nggoda’ (“Yen Ing Tawang Ana Lintang”)
  • pada ingkang kaping tiga gatra setunggal ‘dhek semana, janjiku disekseni mega kartika’, inggih menika mega lan kartika kang nyekseni (“Yen Ing Tawang Ana Lintang”)
  • pada ingkang kaping sekawan gatra kalih ‘rungokna tangising ati’, inggih menika ati kang nangis (“Yen Ing Tawang Ana Lintang”)
  • pada ingkang kaping kalih gatra setunggal lan kalih ’tansah katon esemmu, ngawe-ngawe rasaning atiku’, inggih menika esem kang ngawe-ngawe (“Mawar Biru”)
  1. Majas hiperbola
  • Pada ingkang kaping kalih gatra kalih ‘sumedhot rasaning ati’ (“Yen Ing Tawang Ana Lintang”)
  • Pada ingkang kaping kalih gatra sekawan ‘tresnaku sundhul wiyati’ (“Yen Ing Tawang Ana Lintang”)
  • Pada ingkang kaping sekawan gatra kalih ‘rungokna tangising ati’ (“Yen Ing Tawang Ana Lintang”)
  • Pada ingkang kaping setunggal gatra setunggal ‘aduh kadya runujid atiku’ (“Lara Branta”)
  1. Pamilihan diksi kanthi seselan
  • Pada ingkang kaping kalih gatra kalih sumedhot rasaning ati’, inggih menika seselan –um- wonten ing tembung sumedhot (“Yen Ing Tawang Ana Lintang”)
  • Pada ingkang kaping sekawan gatra tiga binarung swarane ratri, nimas’, inggih menika seselan –in- wonten ing tembung binarung (“Yen Ing Tawang Ana Lintang”)
  • Pada ingkang kaping setunggal gatra setunggal tumetesing waspaku’, inggih menika seselan –um- wonten ing tembung tetes (“Mawar Biru”)
  1. Dasanama
  • Pada ingkang kaping setunggal gatra kalih ‘aduh kadya runujid atiku’, inggih menika dasanama kaya = kadya (“Lara Branta”)

Komentar

  1. Baru aku tahu maksud dari lagu mawar biru tsbt..
    Selama ini hanya bisa nyanyiin lagunya saja..
    Terima kasih,, salam sejahtera,,

    devit-cozy.blogspot.com

    BalasHapus
  2. Alumni smk sakti gemolong kah?

    BalasHapus
  3. ,inggih, alumni SMK Sakti Gemolong,,

    BalasHapus

Posting Komentar