Banjaran Karna



PAGELARAN RINGGIT PURWA - Banjaran Karno
Dening : Ki Purba Asmara, S. Kar., M. Hum.
Sabtu, 31 Maret 2012

Kunthiboja minangka Ratu ing Mandura anggadhahi putra kalih, inggih menika Basudewa kaliyan Kunthi Nalibrata.

  • Adegan nalika Kunthi wonten ing kahanan ngurung diri
Tokoh : Kunthiboja, Basudewa, Kunthi Nalibrata, Begawan Druwasa
Lampahan :
Kunthiboja minangka ramanipun Kunthi rumaos susah lan sedih ningali kahanan putrinipun ingkang mendel kemawon lan ngurung diri boten purun dipunpanggihi kaliyan sinten kemawon. Kunthiboja lajeng ngendika kaliyan putranipun inggih menika Basudewa babagan kahananipun Kunthi. Basudewa banjur gadhah gagasan supados ngawontenaken sayembara inggih menika sinten kemawon ingkang saged nyempal bahu kiwa lan tengenipun Basudewa, bakal dipunpalakramaaken kaliyan Kunthi.
Ningali kahananipun Kunthi, Basudewa taken kaliyan kunthi “Yayi, sliramu lara apa? Menawa ora lara kok patrapmu kaya wong lara? Apa sejatine kang lagi mbuk rasakne?” Kunthi boten sumaur lan anaming kendel kemawon. Lajeng Basudewa sowan dhateng Guru Begawan Druwasa “Pun Kakang, nyuwun tulung panjenengan ngendika, menapa ingkang dumadi sebab kok adhi kadi panggoda utawi kesrimpung kang ndadeake yayi nutup diri.” Lajeng Begawan Druwasa kasuwun mucal Dewi Kunthi.

  • Adegan nalika Dewi Kunthi maguru dhateng Guru Begawan Druwasa
Tokoh : Basudewa, Kunthi Nalibrata, Begawan Druwasa
Lampahan :
Saksampunipun diwucal dening Begawan Druwasa, Dewi Kunthi tansah ketingal bungah lan boten murung malih. Menika amarga Dewi Kunthi dipunparingi Aji Pameling dening Begawan Druwasa. Basudewa taken kaliyan Kunthi “Kunthi, apa kang sejatine kang wis dumadi, kok saiki kahananmu wis ora susah meneh?”. Kunthi tetep boten semaur lan anamung mesam-mesem kanthi dheweke tetep ngurung diri. Banjur Basudewa bingung lan taken dhateng Begawan Druwasa “Sakwise sesandhingan bar mbuk ulang, Kunthi dadi seneng. Apa sebabe?” Lajeng Begawan Druwasa sumaur “Panjenengan sampun masrahaken inggih menika kula supados ngajari Kunthi. Kunthi kula paringi Aji Anta Saptaning Tunggal, ingkang aji menika menawi kawathek saged ngrawuhaken sinten kemawon ingkang dipunkarepaken. Ananging aji-aji menika boten kepareng kagunaaken wonten ing kahanan nalika adus lan mapan turu.” Begawan Druwasa ugi ngendika Dewi Kunthi ingkang sejatosipun nembe darbeni. Mangertos kahanan menika Basudewa duka kaliyan Begawan Druwasa.

  • Adegan nalika Kunthi ginaaken Aji Pameling kang ngrawuhaken Bethara Surya
Tokoh : Kunthi Nalibrata, Bethara Surya
Lampahan :
Dewi Kunthi kang sampun mangertos Aji Pameling saking Begawan Druwasa kalawau, piyambaipun rumaos penasaran lan kepengen nyobi. Dewi Kunthi kepengen ngrawuhaken Bethara Surya. Awit saking menika, Bethara Surya sampun wonten ing sisihe Kunthi. Wekdal menika Kunthi nembe tilem, tilemipun inggih namung sakecone lan ngangge busana ingkang miturut Kunthi sakeco.
Pasuryan Dewi Kunthi ketingal ayu amargi cumlorote candra. Sangsaya dalu lan sangsaya peteng, ingkang wonten anaming luput lan kesupen. Lan kadadosan inggih menika Kunthi darbeni.

  • Adegan nalika Kunthi pasrah kaliyan kahananipun
Tokoh : Kunthi Nalibrata, Basudewa
Lampahan :
Basudewa sedih awit saking Kunthi ingkang darbeni “Gedhe pangerepku sliramu dadi garwa kang utama, Yayi. Sliramu dadi garwanipun satriya kang budi.” Kunthi anamung bisa nangis “Pun kakang, kula sampun boten pantes lan sampun damel kaluputan. Tinimbang negara mangke ambruk lan ancur, pejahaken kula kemawon.” Kanthi manah sareh, Basudewa mangsuli “Aku wis kandha lan ora lali, mati dudu dalan kang bakal ngrampungi perkara. Sliramu sing sabar lan sliramu bakal ngundhuh rasa ayem tentrem.”

  • Adegan nalika BasuKarno dipunlarung wonten ing kali
Tokoh : Kunthi Nalibrata, Basudewa, Begawan Druwasa, Adirata, Nada
Lampahan :
Kunthi nglairaken bayi jaler, ingkang dening Basudewa bayi kalawau dipunparingi nama BasuKarno. Mumpung para ratu boten mangertos kahanan menika, Basudewa nyuwun supados BasuKarno dipunasuh dening Begawan Druwasa. Ananging Kunthi boten purun pisah kaliyan BasuKarno. Basudewa tetep meksa Kunthi amarga Basudewa ajrih mangke nagarane bakal ancur menawa para ratu mangertos kahanan ingkang sampun kalampahan dening Dewi Kunthi. Dewi Kunthi anamung bisa pasrah lan manut, ananging Kunthi kepengen maringi ASI marang BasuKarno sakderengipun Kunthi pisah kaliyan BasuKarno. Lajeng BasuKarno dipunlarung wonten ing kali ingkang pungkasan dipuntemuake dening Adirata lan Nada kang wonten ing salebeting kendhaga BasuKarno, sampun wonten nama “BasuKarno”. Banjur BasuKarno dipunasuh dening Adirata lan Nada.

  • Adegan nalika perang antaranipun Begawan Bergawa kaliyan BasuKarno
Tokoh : Begawan Bargawa, BasuKarno / Suryuputra
Lampahan :
Perang tandhing antaranipun Suryaputra kaliyan Begawan Bargawa, ingkang ing pungkasan Suryaputra gerah amargi kekalahanipun. Begawan Bargawa ngendika lan paring pitutur menawa raos kamanungsan menika boten amargi kawruh ingkang linuhi, ananging kedah anggadhahi raos asih, inggih menika sugih pangapunten lan boten serik kaliyan tiyang sanes. Dados tiyang gesang wonten ing donya boten kepareng angkuh lan nyombongaken kawruhipun, amargi saged ngalangi Suryaputra anggenipun nglampahi gesang lan nggayuh gegayuhan. Supados Suryudana dados satriya ingkang sejati.

  • Adegan nalika Suryaputra perang kaliyan Janaka
Tokoh : Suryaputra, Janaka, Kunthi Nalibrata, Bima, Drona
Lampahan :
Nalika Janaka utawi Permadi latihan manah dhateng Drona, pikantuk sanjungan saking tiyang sanes, awit saking Permadi saged manah manuk kanthi pas nalika manuk kalawau nembe mabur. Lan Permadi dipunparingi bebingah Jemparing Sokalima.
Suryaputra boten narima menawi bebingah dipunparingaken dhateng Permadi, amarga Suryaputra rumaos piyambakipun ugi saged manah kados Permadi kalawau. Kekalihipun banjur perang tandhing. Nalika Suryaputra lan Permadi perang, Dewi kunthi lan Bima rawuh wonten ing peperangan, banjur Dewi Kunthi semaput.
Suryaputra nyuwun pangapunten dhateng Drona, awit saking Drona menika minangka gurunipun Kurawa lan Pandhawa. Permadi ugi sowan dhateng Drona lan nyuwun pangapunten. Lajeng Drona ngangkat Suryaputra dados senapati perang ing Kerajaan Astina lan anggadhahi tahta ing Awangga.

  • Adegan nalika Adipati Karno / Suryaputra Palakrama
Tokoh : Duryudana, Sengkuni, Adipati Karno, Prabu Salya, Surtikanthi, Banowati
Lampahan :
Duryudana lan Harya Sengkuni sowan wonten ing Kerajaan Mandura kepareng badhe nglamar Dewi Surtikanthi, ananging Dewi Surtikanthi boten purun amargi Dewi Surtikanthi anaming tresna kaliyan Adipati Karno. Lajeng Duryudana duka awit saking Surtikanthi luwih milih Karno tinimbang dheweke.
Prabu Salya minangka ramanipun Dewi Surtikanthi, nikahaken Dewi Surtikanthi kaliyan Karno. Lan amargi Karno sampun kathah jasanipun marang Kurawa, Duryudana maringi tahta ing Ngawangga dhateng Adipati Karno.

  • Adegan nalika Adipati Karno kepanggih kaliyan Dewi Kunthi
Tokoh : Adipati Karno, Dewi Kunthi
Lampahan :
Adipati Karno kepanggih kaliyan Dewi Kunthi wonten ing pinggiring Benawi Gangga. Adipati Karno nyuwun pangestu dhateng Dewi Kunthi supados Karno bisa menang lan slamet wonten ing perang tandhing kaliyan Pandhawa. Ananging Dewi Kunthi nyuwun, supados Karno ngurungaken niat badhe perang kaliyan Pandhawa lan Karno dados kaluwarganipun Pandhawa, amargi sejatosipun Adipati Karno menika tasih kadang pribadinipun Pandhawa. Ananging Karno boten purun lan tetep setia mbela bala Kurawa.

  • Adegan nalika Adipati Karno gugur
Tokoh : Adipati Karno, Sengkuni, Dewi Surtikanthi, Permadi, Dewi Kunthi, Kresna, Prabu Salya
Lampahan :
Duryudana ngutus Karno supados dados senapati perang saking Kurawa. Sakderengipun perang, Karno panggih rumiyin kaliyan Dewi Surtikanthi nyuwun donga pangestu badhe majeng ing perang. Dene senapatinipun Pandhawa inggih menika Permadi utawi Prabu Janaka.
Sejatosipun Permadi boten purun perang kaliyan sodaranipun piyambak, inggih menika Adipati Karno, ananging Karno tetep kepengen perang nglawan Permadi awit saking sampun kewajibanipun mbela Kurawa. Karno dipunbiyantu kaliyan rama mertuanipun inggih menika Prabu Salya, dene Permadi dipunbiyantu kusiripun, Kresna.
Wonten ing perang, Karno ginaaken Gendhewa Pasoepati. Karno kaliyan Permadi sami-sami sekti, ingkang kekalihipun inggih sami-sami kuat. Ananging kreta kencana ingkang dipuntunggangi Karno mbleseg wonten ing lendut lan Permadi njemparaken Gendhewa Pasoepati dhateng Karno ingkang pungkasanipun Adipati Karno kawon lan pejah.

  • Tembung-tembung ingkang kalebet tembung sastra Jawa klasik :
  1. Amungkuli
  2. Brukut
  3. Candra
  4. Cantuka
  5. Dasa
  6. Dhatan
  7. Hambaka
  8. Hanggameng
  9. Jayeng
  10. Kamayangan
  11. Kayon
  12. Keprabon
  13. Kinen
  14. Kumedat
  15. Layon
  16. Leladi
  17. Mataya
  18. Nawa
  19. Nistha
  20. Palagan
  21. Pertitis
  22. Prahara
  23. Pramana
  24. Puspita
  25. Ratri
  26. Sesekaran
  27. Tirta
  28. Titi sunya
  29. Ulun
  30. Wardaya
  31. Waskhita
  32. Waspu

Komentar