Basa Jawa minangka Basa Ibu kang Kudu Dijaga - Dening : Wahyu Sulistiyaningsih, S.Pd.

Nate krungu tetembungan basa ibu? Apa kang diarani basa ibu? Basa ibu yaiku basa kang sepisanan disinau dening sawijining wong wiwit cilik lan digunakake minangka basa lesan. Basa ibu uga bisa diarani basa asli utawa 'bahasa pertama'. Amarga kita urip ing tlatah Jawa, perkara kasebut mujudake teges yen basa asli utawa basa ibu awake dhewe yaiku basa Jawa. Basa Jawa ing saben dinane digunakake kanggo caturan wong siji lan liyane, kanggo identitas budaya lan kanggo sarana pasinaon. Ing kahanan saiki, wiwit akeh wong Jawa anggone caturan wis ora nggunakake basa Jawa. Embuh kuwi bocah, para mudha utawa piyayi sepuh. Anggone matur racake luwih asring nggunakake basa Indonesia. Yen ditakoni kena ngapa ora matur nggunakake basa Jawa, wangsulane jare basa Jawa kuwi cak-cakane angel lan semelang kliru, luwih aman nggunakake basa Indonesia. Laa dalah yen alesane kaya mengkono iku. Matur nggunakake basa Indonesia kuwi ora ana salahe, pancen kuwi ya basa resmine negara Indonesia, ananging ...