Cerita Wayang Cupu Manik Astagina
Resi Gutomo anggadhahi garwa ingkang naminipun Dewi Windradi utawi saged dipunsebat Dewi Indradi. Saking Dewi Windradi, Resi pikantuk putra ingkang cacahipun tiga, inggih menika Dewi Anjani, Guwarsi, ugi Guwarsa. Dewi Anjani dados putra ingkang paling dipuja dening ibunipun tinimbang sedherek kekalihipun. Dewi Windradi menika salah sawijing widadari saking kahyangan. Sanadyan sampun anggadhahi garwa ugi tiga putra, ananging Dewi Windradi tasih asring sowan wonten kahyangan kanthi alesan badhe panggih kalihan rencang-rencang ugi sedherekipun. Sayektosipun Dewi Windradi sowan wonten kahyangan menika anamung pengin panggih kalihan Bathara Surya utawi Dewa Srengenge. Bathara Surya tresna sanget kalihan Dewi Windradi, awit saking raos tresnanipun kala wau, Bathara Surya maringi pusaka kanthi sinebat “Cupu Manik Astagina” wujudipun endah sanget, menawi ...