Kahanan sansaya ngrembakane pandemi njalari piwulangan daring isih lanjut nganti dina iki. Perkara kasebut nyebabake para siswa lan wong tuwa kangelan utawa kabotan ing babagan kuota kang digunakake kanggo sinau daring. Awit kuota dadi sawijining perkara inti lan wigati ing kagiyatan daring. Pamarentah lumantar Kemendikbud saweg ngupadaya kepriye carane menehi bantuan awujud kuota sak suwene piwulangan daring ing satengahing kahanan pandemi iki. Kuota gratis diwenehake marang para siswa, mahasiswa, guru, lan dosen wiwit wulan September nganti Desember 2020. Tata carane supaya bisa nampa bantuan kuota kasebut yaiku kanthi ngisi data babagan nomer ponsel ing Dapodik. Sakwise kuwi, adhedhasar data saka Dapodik, pamarentah bakal milah-milah provider kang digunakake banjur diisi kuota. Kanggo bantuan iki, Kemendikbud ngalokasi dana Rp 8,9 triliun saka optimalisasi anggaran Kemendikbud. Peprincen bantuan kuota gratis kang diwenehake saben wulan yaiku siswa 35GB, guru 42GB, mahasiswa 50GB, la...