Upacara Adhat Tumplak Punjen


MAKALAH  UPACARA ADAT
PENGANTEN TUMPLAK PUNJEN
SAHA NILAI FILOSOFIS LAN SIMBOLIS
 ING LAMPAHANING UPACARA
LAN UBARAMPENIPUN




DENING :
WAHYU SULISTIYANINGSIH
K4211065/ B


Makalah Punika Dipunrakit Kagem Jangkepi Sarat Kuliah
saha Lulusipun Kuliah Filsafat Jawa
ingkang Kaasta Dening Drs. Imam Sutardjo, M. Hum.
saha Djoko Sulaksono, S. Pd., M. Pd.
Semester IV Prodi Pendidikan Bahasa Jawa


JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI
FAKULTAS KEGURUAN DAN ILMU PENDIDIKAN
UNIVERSITAS SEBELAS MARET
SURAKARTA
2013

ATUR CECALA

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Pangripta tansah angonjukaken puji dalah syukur wonten ngarsanipun Allah SWT, ingkang tansah paring rahmat, hidayah, saha berkahipun, satemah pangripta saged anyerat saha angracik makalah Filsafat Jawa punika kanthi irah-irahan “Makalah Upacara Adat Penganten Tumplak Punjen saha Nilai Filosofis lan Simbolis ing Lampahaning Upacara lan Ubarampenipun.”
Pangripta sanget ngaturaken panuwun dhumateng kanca-kanca saha sadaya pihak ingkang sampun paring pambiyantu anggenipun damel makalah punika, satemah sakpunika makalah saged rampung kanthi sae. Pangripta ugi nglenggana inggih makalah punika temtu tasih kathah kekiranganipun, pramila pangripta badhe rumaos bingah sanget bilih para pamaos sami paring pamrayogi ingkang watakipun mbangun, amrih makalah punika samangke dados seratan ingkang linangkung sampuna ugi migunani dhumateng para pamaos. Matur nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.


PRATELAN WOS

Kaca ngajeng .........................................................................................  i
Atur Cecala ...........................................................................................  ii
Pratelan Wos .........................................................................................  iii
BAB I  WIWITAN
A.    Pawadaning Prekawis ..............................................................  1
B.     Momotaning Prekawis ..............................................................  1
C.    Ancasing Panyeratan ................................................................  2
D.    Mupangating Seratan ...............................................................  2
BAB II  ANDHARAN
A.    Lampah-lampahaning Pawiwahan .........................................  3
B.     Paningset ....................................................................................  8
C.    Tatacara Adat Panggih ............................................................  11
D.    Upacara Adat Sakbibaripun Penganten Panggih .................  13
E.     Pangertosan Upacara Tumplak Punjen .................................  17
F.     Lampahaning Upacara Tumplak Punjen ..............................  18
G.    Ubarampenipun Upacara Tumplak Punjen ..........................  19
H.    Nilai Filosofis saha Simbolis Ubarampenipun
Upacara Tumplak Punjen .............................................................  19
BAB III PANUTUP
A.    Dudutan .....................................................................................  20
B.     Pamrayogi ..................................................................................  21
Kapustakan ...........................................................................................  22
Dhaptar Laman ....................................................................................  23

BAB I
WIWITAN

A.    Pawadaning Prekawis
Ngrembak babagan pawiwahan saha pahargyan punika boten uwal saking pirembakan budaya Jawi, awit saking pawiwahan punika inggih salah setunggalipun perangan saking adat saha budaya Jawi, ingkang dumugi sakpunika upacara punika tasih lestari dipunlampahi dening para masarakat ing tlatah Jawi, mliginipun para masarakat dhusun, ingkang raos budayanipun tasih kenthel sanget. Masarakat pitados inggih wonten ing lebeting upacara adat pawiwahan punapa dene pahargyan penganten Jawi punika ngemot werdi ingkang lebet sanget. Kathah pangajab ingkang dipunsasmitakaken lumantar ubarampe ingkang dipun-ginakaken wonten ing pawiwahan. Pangajab ingkang dipunsasmitakaken kaliyan ubarampe punika awujud pangajabipun tiyang sepun punapa dene penganten kekalih, supados anggenipun mbangun bale wisma samangke tansah manggihi sedaya kabecikan, saha sadaya kacilakan sageda sumingkir, satemah ing pungkasan dados keluwarga ingkang nemahi kebaking kabagyan, inggih punika keluwarga ingkang sakinah, mawadah saha warahmah.
Upacara pawiwahan tumplak punjen punika katindakaken nalika ngundhuh mantu ingkang putra wuragil utawi ingkang pungkasan. Tatacaranipun samangke ginakaken piranti pundhi ingkang lebetipun kaisi kacang-kacangan, beras kuning, arta saha permen, lajeng dipunparingaken dhateng para putra wayah sedaya.

B.     Momotaning Prekawis
1.      Kados pundi lampahaning pawiwahan penganten?
2.      Kados pundi ujudipun paningset punika?
3.      Kados pundi lampahaning tatacara adat panggih?
4.      Kados pundi upacara adat sakbibaripun penganten panggih?
5.      Kados pundi pangertosanipun upacara tumplak punjen?
6.      Kados pundi lampahanipun upacara tumplak punjen?
7.      Kados pundi ubarampenipun upacara tumplak punjen?
8.      Kados pundi nilai filosofis saha simbolisipun ubarampe upacara tumplak punjen?

C.    Ancasing Panyeratan
1.      Ngandharaken lampahaning pawiwahan penganten
2.      Ngandharaken ujudipun paningset
3.      Ngandharaken lampahaning tatacara adat panggih
4.      Ngandharaken upacara adat sakbibaripun penganten panggih
5.      Ngandharaken pangertosanipun upacara tumplek punjen
6.      Ngandharaken lampahanipun upacara tumplak punjen
7.      Ngandharaken ubarampenipun upacara tumplak punjen
8.      Ngandharaken nilai filosofis saha simbolisipun upacara tumplak punjen

D.    Mupangatipun Seratan
1.      Nambah pangertosanipun para pamaos babagan upacara adat Jawi mliginipun upacara tumplak punjen
2.      Nuduhaken nilai filosofis saha simbolis ingkang sinengker ing ubarampe upacara pawiwahan dhumateng para pamaos
3.      Supados para pamaos mliginipun, saha sadaya masarakat Jawi umumipun, tansah mangertos saha nindakaken upacara adat pawiwahan Jawi punika, ingkang sejatosipun mengku werdi ingkang lebet sanget, satemah putra wayah samangke ugi mangertos saha tansah nindakaken
4.      Supados budaya Jawi ugi tansah lestari


BAB II
ANDHARAN

A.    Lampah-Lampahaning Pawiwahan
Boten mokal menawi lampahaning upacara punika ing kutha saha ing padhusunan satunggal lan satungggalipun boten sami, jumbuh kaliyan paribasan desa mawa cara, negara mawa tata. Manut peprincen tuwin reroncening tatacara upacara, malakramakaken putra kakung utawi putri punika ing nguni mawi nglangkungi pinten-pinten tataran. Miturut Supardi (1992: 1-5), tataranipun inggih punika:
1.      Utusan
Ingkang winastan utusan punika tiyang ingkang kautus dening ingkang badhe hamengku karsa, sesepuh calon penganten kakung ngawontenaken pirembagan kaliyan tiyang sepuhipun calon penganten putri. Utusan punika ugi asring dipunsebat congkok.
2.      Salar
Salar inggih punika lumampahing congkok dhateng griyanipun tiyang sepuhipun calon penganten putri, nyuwun katrangan inggih ingkang badhe kapundhut mantu punika taksih lamban punapa sampun sinengker dening jejaka.
3.      Nontoni
Nontoni punika ningali kawontenan calon penganten putri ing griyanipun tiyang sepuhipun ingkang katindakaken dening caraka utawi congkok mawi anganthi calon penganten kakung.
4.      Nglamar
Nglamar inggih punika nglajengaken pirembagan ingkang ateges sampun wonten pasarujukan para calon besan. Nglamar punika katindakaken dening congkok utawi utusan kanthi surat.
5.      Ningseti
Ningseti inggih punika nyakup:
a.       Masrahaken paningset saking calon penganten kakung dhumateng calon penganten putri
b.      Masrahaken asok tukon
c.       Netepaken dinten, tanggal saha wulan badhe dhaupipun penganten, ingkang winastanan gethak dina
Ing jaman sakpunika limrah mawi upacara liru kalpika rukmi calon penganten kakung kaliyan calon penganten putri, minangka tandha pepancangan.
6.      Dhapukan panitya
Dhapukan panitya dipun-adani wonten ing griyanipun calon besan ingkang badhe ngayahi gadhah damel mantu. Pandhapuking panitya punika gumantung kersanipun ingkang badhe mantu. Menawi badhe amiwaha kanthi ageng-agengan, mila prelu kadhapuk panitya, nanging menawi namung kanthi reringkesan, cekap miji para sanak kadang tanggi tepalih kemawon.
7.      Kumbakarnan
Kumbakarnan punika ngaturi para pinisepuh, sanak kadang, tanggi tepalih sakcekapipun. Ancasipun inggih punika biyowaraken anggenipun badhe gadhah damel mantu, dhapuk para ingkang badhe sinaraya suka biyantu bot repotipun kaperluan mantu, ugi para mudha-mudhi ngideraken serat ulem.
8.      Jonggolan
Jonggolan punika titiwanci calon penganten kakung saha putri atur palapuran dhateng Kantor Urusan Agama (KUA), saprelu katitipriksa anggenipun sami badhe palakrama.
9.      Pasang tarub, tuwuh, pasren
Pamasanging tarub utawi tuwuhan punika kalampahinpu gumantung ingkang gadhah damel mantu, awit adhedhasar titi wanci pamasanging tarub utawi tuwuhan punika kedah mawi petang. Ingkang limrah punika nunggil dinten utawi kirang sedinten dumugining damel.
Ingkang kalebet srana pamasanging tarub miturut http://keratonsurakarta.com inggih punika:
a.       Sepasang taneman pisang raja saktuntutipun, pikajengipun supados kados wit pisang ingkang saged tuwuh saha urip ing pundi papan, sarta saged nyesuaiaken dhiri pribadi. Dene miturut Supardi (1990: 10), pisang raja saktuntutipun kalih tundhun, panggegadhangipun rama ibu mugi putra penganten ngenggenana watak lan jiwaning raja, inggih punika berbudi bawa leksana, asih marang sesami. Tuntut, mugi-mugi putra penganten enggal atut runtut rerentengan, sih-sinisihan.
b.      Sepasang tebu wulung, tebu punika antebing kalbu, dene wulung punika alus utawi mateng. Ingkang werdinipun penganten kekalih anggenipun badhe nindakaken punapa kemawon kedah sampun dipunpikir kanthi mateng, lajeng katindakaken kanthi tekad ingkang tuhu saha pantang mundur (mulat sarira hangrasawani).
c.       Cengkir gadhing kalih janjang, klapa gadhing punika salah satunggaling klapa ingkang kulitipun taksih kuning. Klapa mudha punika dipunwastani cengkir, ingkang tegesipun kencenging pikir utawi kemauan keras anggenipun nggayuh ancas pagesangan ing bale winangun.
d.      Pantun kalih unting, pralambanging tedha, mugi-mugi putra penganten kacekapan ing boga.
e.       Cindhe utawi emban-mbanan kalih lembar, pralambanging sandhang, menawi kagandhengaken kaliyan pantun nglambangaken sandhang boga. Mugi-mugi putra penganten kacekapan sandhang tuwin tedhanipun.
f.       Ron-ronan (waringin, kara, alang-alang, lan apa-apa), werdinipun mugi-mugi punapa ingkang dados pepinginanipun penganten kekalih sageda kasembadan, tebih saking sadaya alangan, lan boten nemahi apa-apa.
10.  Srah-srahan utawi serahan
Srah-srahan punika masrahaken ubarampe ingkang dados adat tatacara ingkang lumampah ing kutha utawi dhusun, wondene ujudipun kadosta:
a.       Ubarampe wajib, antawisipun panjang ilang, majemukan, sanggan tumpeng lss.
b.      Kudangan, minangkaning pamundhutipun calon besan utawi tiyang sepuhipun calon penganten putri.
c.       Pamesing, arupi pangageman kagem embahipun calon penganten putri (sarung, badhe rasukan lss).
d.      Pelangkah, mligi kangge sedherek sepuh (kakang utawi mbakyu) menawi calon penganten putri nglangkahi sedherekipun sepuh.
e.       Taksih wonten panunggilipun, inggih kados arta, pangageman kangge calon penganten putri lss. Ingkang boten mujudaken kudangan.
11.  Siraman
Upacara siraman katindakaken kirang sedinten sakderengipun tempuking damel, mapan wonten ing griyanipun calon penganten putri. Wancinipun kirang langkung tabuh 10.00 – 11.00. Ingkang nindakaken siraman inggih punika pinisepuh putri, ingkang tasih wonten sesambetanipun kulawarga.
12.  Paes
Upacara paesing calon penganten putri sinungging paes werni cemeng punika katindakaken sakbibaripun siraman, dening juru paes. Caranipun: rikma ing athi-athi lan sinoman kapagas sekedhik, supados amimbuhi kasulistyanipun. Upacara punika dipunwastani dialub-alubi (pethet rikma)
13.  Midodareni utawi pangarip-arip
Midodareni inggih punika malem badhe dumugining pawiwahan penganten. Ing malem midodareni punika ngrawuhaken tamu, utaminipun para sesepuh. Ndungkap tabuh 23.00/24.00, kalajengaken upacara panebusing kembar mayang winangun saha upacara wilujengan midodareni.
14.  Nyantri
Nyantri inggih punika rawuhipun calon penganten kakung ing griyanipun calon penganten putri, ingkang kairing dening para mudha taruna ingkang dipunwastani sentana penganten.
15.  Nebus kembar mayang
Cak-cakanipun panebusing kembar mayang punika wonten kalih werni, inggih punika:
a.       Katindakaken dening dhukun penganten minangka panebus/ingkang ngupadi kembar mayang, sarta ingkang kajibah tengga kembar mayang.
b.      Katindakaken dening paraga piniji sarta mawi upacara jangkep, wonten ingkang apindha dhalang kanthi kairing gangsa tape recorder. Ingkang kapiji ngupadi utawi nebus kembar mayang kanthi pangiring sakcekapipun, sarta wonten ingkang maragani minangka panguwosing kembar mayang.
Reroncen kembar mayang punika asring dipunwastani Sekar Kalpataru Dewandaru Jayandaru, ingkang yasa para widadari cacah pitu, ingkang kaprahipun lajeng sinebat sekar mancawarna. Sekar mancawarna punika kajawi kinarya nugraha kangge mberat sukertaning jagad, ugi kangge ubarampenipun penganten. Miturut Imam Sutardjo (2008: 89), isining sekar adi mancawarna punika mengku pasemon:
1)      Oyodipun winastan bayu bajra, minangka pasemoning kekiyatan, tegesipun penganten kedah kiyat lair batosipun, amrih gesangipun saged teguh santosa, boten gampil kasempyok ing pangrencana.
2)      Witipun nama purwa sejati, dados pasemon wiwitaning mangun gesang bebrayan linambaran kiyat sentosaning batos, ingkang tundhonipun bebrayan saged ayem tentrem, kalis ing godha rencana.
3)      Pang-ipun sinebat keblat papat, minangka pasemon mugi jumangkahipun padha penganten anggenipun ngupadi kabetahan agesang tansah pinaringan gampil
4)      Ronipun sinebat pradapa mega rumembe, gegambaranipun badhe tumuruning toya jawah, toya minangka salah satunggaling kabetahan para titah.
5)      Sekaripun winastan Dewandaru Jayandaru, minangka pasemon pangawakaning penganten putri.
6)      Uwohipun sinebat daru utawi kilat, kinarya pasemon sipating penganten putri saksampunipun winengku priya, ginadhang sageda nuwuhaken putra.
Sangandhapipun sekar mancawarna wonten degan kalih utawi sajodho, ingkang isi toya wening ingkang sampun meneb. Sekar mancawarna punika boten kenging tumbas, nanging cekap liniru ing sarana sadak lawe sajodho saha klasa bangka, ingkang kedah dipunwangsulaken.
16.  Majemukan
Majemukan inggih punika upacara wilujengan ingkang katindakaken sakbibaripun upacara panebusing kembar mayang. Ubarampenipun ingkang tinampi saking calon penganten kakung ing rikalanipun upacara srah-srahan.
17.  Temuking damel utawi pahargyan pawiwahan
Lumapahing tatacara pawiwahan utawi pahargyan penganten punika saged katindakaken tatacara ijabing penganten, upacara dhaup utawi panggihipun penganten, upacara adat sakbibaripun, penganten panggih, upacara kirab, sabdatama lan donga pamuji.

B.     Paningset
Miturut pamanggihipun dalem Ingkang Sinuhun Pakoe Buwono V, suraosipun paningset punika mengku werdi minangka haningseti, tegesipun haningseti rembag ingkang sampun gumolong, tumrapipun para pinisepuh ingkang badhe bebesanan sarana andhaupaken putranipun. Miturut Suparjo wonten ing lebeting makalah (2012: 3-5), ujudipun paningset punika kaperang dados paningset baku, abon-abon saha pangiring, inggih punika:
1.      Paningset baku, antawisipun:
a.       Sesupe seser, inggih punika sesupe ingkang boten mawi mripat sarta lus, utawi saged dipunwastani sesupe ingkang bongkot pucukipun gathuk tanpa watesan. Punika dados pasemon bilih ingkang dipunsingseti sampun mawi ater-ater miwah tanpa aling-aling. Panganggenipun wonten ing driji manis kiwa. Dene calonipun menawi sampun dhaup, kapindhah wonten driji manis tengen. Menawi tasih kiwa naminipun kalpika, mila tatacara masang ing kiwa dipunwastani upacara angrasuk kalpika, dene menawi sampun ing tengen naminipun kalpika tresna.
b.      Setagen, tumrap setagen punika ingkang kapendhet bebakalanipun, inggih punika lawe. Keplasipun, bebakalaning sandhang. Werdinipun mengku pangajab mugi jejodhohanipun kiyata nandhang seliring lelampahan, mekaten ugi tumraping ingkang bebesanan.
c.       Sindur utawi slindur, punika ulasanipun abrit lan pethak. Dados sasmitaning estri lan jaler, ingkang kaajab sageda manunggal, temah hanjalari tuwuhipun wiji gesang utawi wiji dadi inggih turun.
d.      Semekan, punika kapendhet minangka lambang pangageming wanodya ingkang kalebet baku. Kajawi tetamenging taleng tedhaning jabang bayi, ugi dados pepenget dhateng bab kasusilan saha bab tatakramaning mangagem.
e.       Sinjang truntum, kapilihaken ingkang carik truntum punika dados pepengeting gesang, inggih bilih gesang punika kawengku ing padhang lan peteng. Awit ing truntum wau, wonten pepethan gebyaring lintang ing akasa wanci dalu. Dados pangajabipun, nadyan ta boten saged oncat saking pepeteng, nanging mugi ugi pinaringan raos padhang sawetawis. Kapetha ing gambar gebyaring lintang. Kosokwangsulipun, minangka gebyaring pepadhang, nanging sampun ngantos kalimput, jer ngagesang taksih adhakan linimputan ing pepeteng.
2.      Abon-abon, antawisipun:
a.       Jeram gulung, pasemon gumolonging gegebengan. Liripun anggenipun bebesanan sarta tumrap pengantenipun, sumagah lan ngandhemi sedaya kwajibaning lungguhipun kanthi sampun kamanah panjang. Dados mor misah kaliyan pikajengipun.
b.      Sekul golong, ingkang keplasipun inggih punika gumolong lan ndhadha sedaya temahaning bebesanan lan jejodhoanipun anak ingkang dados penganten.
c.       Tebu wulung, mengku jarwa tuking memanis, inggih pangajab tumrap gegayuhan ingkang sarwa enak lan kepenak. Mekaten malih dados pasemon suprih raket lan rumaketipun bebesanan lan jejodhoaning anak.
d.      Pisang ayu suruh ayu
3.      Pangiring, antawisipun:
a.       Wulu pamedalipun pasiten, kados ta bangsanipun kapendhem. Punika nama rangken. Tegesipun naming minangka nelakaken pratandha hanggadhahi kwajibaning jaler atasipun dhateng estri. Menggah tumrapipun ngandhap dhateng nginggilan, nama bulubekti. Menawi nginggilan dhateng sor-soranipun, winastan panjurung sih. Tarkadhang wonten ingkang kawujudaken.
b.      Kabetahanipun tiyang estri ugi jangkeping kapreluan balegriya. Kados ta panganggen, pirantos-pirantos wingking lan sesamenipun.
Menawi pengetan penggalih dalem Sinuhun Pakoe Buwono IV, upacara paningset saged mawi katambahan cengkir gadhing sajodho, naming menawi pasrahipun paningset kaliyan titimasa badhe dhaupipun taksih dangu, cengkir gadhing boten dipun-prayogakaken, awit cengkir punika pasemoning wadhah bebakalaning manungsa. Dados kirang prayogi menawi cengkir wau dipunjangkepaken ing paningset, saged dipunwastani gage mangsa, amargi saged dipun-werdeni supados estri tumuli hanggarbini.
Dene miturut Sugeng Surjanto, Muljono Djojomartono lan Moh. Oemar, paningset punika awujud jadah, jenang, saha pisang raja. Jadah punika dhaharan ingkang kadamel saking ketan kaliyan klapa, pikajengipun supados penganten kekalih sarta kaluarwarganipun saged tansah raket-supeket. Jenang dipundamel saking ketan kaliyan gendhis lan klapa ingkang raosipun manis, supados penganten kekalih saged gesang sesarengan kanthi raos manis lan kebak ing kabagyan. Lajeng pisang raja, ngemot pangajap inggih punika penganten kekalih samangke gesangipun sageda nemahi kabagyan kados dene raja.

C.    Tatacara Adat Panggih
Upacara panggihipun penganten jangkep, cak-cakanipun inggih punika:
1.      Ubarampenipun kedah sampun dipunsamektakaken.
2.      Upacara panggih limrahipun katindakaken ing wiwaraning sasana wiwaha.
3.      Penganten putri dipunkanthi saking sasana rinengga tumuju ing wiwaraning sasana wiwaha, kadherekaken kembar mayang kang ngiringi penganten putri.
4.      Upacara panggihing penganten dipunpangarsani dening dhukun utawi rias penganten.
5.      Upacara panggihing penganten punika warni-warni
Miturut Supardi (1990: 1), inggih punika :
a.       Wonten ingkang mawi nglangkahi ron kluwih, pikajengipun supados penganten kekalih saged pikantuk kaluwihan anggenipun ngupadi boga wastra, sasana, saha katentremaning gesang.
b.      Wonten ingkang namung kanthi jawat asta.
c.       Dene ingkang jangkep, inggih punika:
1)      Gantal, sedhah liniting tinangsulan lawe wenang cacahipun kalih. Balanganipun penganten putri sinebat gondhang kasih, dene balanganing penganten kakung sinebat gondhang tutur. Miturut Drs. Udik Siswanto wonten ing blog Ari Zulaicha, gantal ingkang saking ron sirih punika ngemot pasemon serasi, selaras, saha seimbang. Limrahipun wonten ing adicara balangan gantal, pambiwara ngendika “godhong suruh lumah lan kurebe, yen ginigit padha rasane,” werdinipun inggih punika penganten kekalih samangke kedah saged nglampahi gesang kanthi raos bungah utawa susah dipuntanggung sesarengan.
2)      Pasangan, pasemon mugi anggenipun sami mangun bebrayan sageda mujudaken pasangan ingkang cundhuk lair batosipun, boten nalisir saking angger-anggering kautamen.
3)      Ron pisang raja, pasemon mugi-mugi anggenipun mangun brayan sinung kawibawan kados jejering narendra ingkang mahambeg berbudi bawa leksana.
4)      Tigan ayam, tigan ayam kapidak pecah liripun anggenipun mangun brayan lajeng sageda mecah (misah) saking tanggel jawabing tiyang sepuh, mandhiri pribadi.
5)      Bokor setaman, pasemon mugi anggenipun mangun brayan dados kembanging bebrayan ingkang pantes sinudarsana ing akathah.
6)      Pipisan, pasemon mugi anggenipun mangun brayan ngemungna sepisan punika kemawon ing salamining gesang.
7)      Tilam lampus, pasemon mugi anggenipun mangun brayan tansah sinisihan ing donya dumugi delahan.
8)      Clupak, ingkang murup mentir punika dadosa pralampita amrih gesanging bebrayan pikantuk pendhamping lampah, tumuju kabegjan saha karaharjan gesang.
9)      Kendhi isi toya wening, pasemon mugi penganten kekalih pinaringan weninging penggalih, murih samubarang ingkang kaesthi kaparengaken dening Gusti Ingkang Maha Mirah.
6.      Panggihing penganten jangkep manut tilaraning tiyang sepuh (leluhur) ingkang taksih limrah katindakaken kanthi ubarampe jangkep.
Miturut Imam Sutardjo (2008: 91), inggih punika:
a.       Penganten kakung putri sami balang-balangan gantal gondhang kasih saha gondhang tutur.
b.      Penganten putri sami mancik pasangan, ingkang kalemekan roning pisang raja sapapah.
c.       Penganten kekalih nyaketi tigan ayam, tumunten penganten kakung amidak tigan ayam ngantos pecah. Penganten putri lajeng sumembah saha mijiki sukunipun penganten kakung mawi toya ingkang dipunwadhahi bokor kencana (sekar setaman).
d.      Penganten kekalih jumeneng jajar sumandhing saprelu kaunjukan toya wening ingkang winadhahan kendhi pratala.
e.       Penganten kekalih kinepyok sekar mancawarna.
f.       Penganten kekalih dipunsingepi sindur ingkang werninipun abrit pethak, ingkang nindakaken ibunipun penganten putri utawi dhukun penganten ingkang manggihaken.
g.      Penganten kekalih tumuli kairing manjing sasana rinengga saha kalenggahaken, penganten kakung wonten sisih tengen utawi kanan, penganten putri wonten sisih kiwa utawi kering.

D.    Upacara Adat Sakbibaripun Penganten Panggih
Upacara sakbibaripun penganten panggih, inggih punika upacara adat krobongan. Miturut Imam Sutardjo (2008: 92-95), cak-cakanipun inggih punika:
1.      Kacar-kucur, penganten kakung jumeneng ngasta tilam lampus (klasa bangka) isi arta receh dipuncampuri uwos utawi ketos lajeng kasuntak ing pangkonipun penganten putri. Penganten putri nedhahi mawi sindur utawi slendhang.
Pralambang jejibahanipun penganten kakung wajib tanggel jawab dhateng rabinipun, guna kaya wohing pakartinipun kakung kedah kapasrahaken dhateng ingkang putri, mekaten ugi putri gadhah tanggel jawab nyekap-nyekapaken anggenipun ngecakaken guna kaya ingkang tinampi saking lakinipun.
2.      Dulangan, penganten kakung putri sami ngasta (ngepel) sekul pethak lajeng sami dulang-dulangan, cekap kaping sepisan kemawon. Saksampunipun dulang-dulangan, piring ingkang isi sekul pethak tirahanipun ingkang dipunkepel dipunpupuki lawuhan, lajeng dipuntangkepaken dados setunggal kaliyan piring ingkang mentas kangge wadhah lawuhan, dipunwastani gambuhan.
Pralambanging mugi sageda tumangkep manunggal sih tresnanipun penganten kakung putri, jumbuh ingkang ginayuh, sembada ing sinedya.
Kalajengaken ngunjuk rujak degan. Kawiwitan penganten kakung, nunten penganten putri. Ingkang kangge rujak punika prayogi milih klapa ingkang wala, tegesipun klapa nembe uwoh sepisan.
Pralambang kekudangan para sepuh, mugi-mugi penganten enggal kaparingan momongan utawi wohing palakrami, sarta ginadhang mugi sri penganten saged nguwohaken kautamen ingkang pantes tinulat dening bebrayan sesami.
3.      Timbangan
Miturut Supardi (2005: 4), timbangan katindakaken dening ramanipun penganten putri kanthi lenggah mangku, asta karangkulaken ing pamidhanganipun penganten kekalih. Ibunipun penganten putri lenggah ing sangajengipun penganten, lajeng rama ibunipun penganten sami wawan pangandikan, tembungipun:
Ibu : “Kepriye Bapak? Panjenengan dakaturi nimbang putramu sakloron, abot endi?”
Rama : “Ibu, saka pangrasaku padha, timbang bobote”
Ibu : “Sokur Bapak, yen mengkana ayo padha nyenyuwun dhateng Gusti muga-muga bobot kang wis timbang kuwi bisaa tumus tekan ing ati, tegese timbang boboting katresnane bocah sakloron.
Rama : “Iya Ibu, aku jumurung ing ati, sarta tut wuri handayani. Muga-muga bocah sakloron kinembeng ing kamulyan, kinembong ing karaharjan.
Pralambang pangrengkuhipun rama ibunipun penganten putri dhumateng penganten kekalih, boten emban cindhe emban siladan. Kaanggepa putra piyambak, sanajan putra mantu.
4.      Sungkeman
Miturut Supardi (2005: 4), ingkang dipunsungkemi dening penganten kekalih inggih punika rama ibunipun penganten kakung, rama ibunipun penganten putri, saha eyangipun menawi taksih sugeng.
Urut-urutanipun ingkang dipunsungkemi inggih punika eyang putri, eyang kakung, ibu penganten putri, rama penganten putri, ibu penganten kakung, rama penganten kakung. Ingkang sungkem penganten kakung rumiyin, lajeng penganten putri.
Cak-cakanipun sungkem inggih punika asta katangkepaken, kauswaing pucaking grana kaleres poking jempolan, nunten katumpangaken ing pangkonipun ingkang dipunsungkemi.
Anggenipun gilir gumatos sungkeman penganten kekalih, penganten kakung boten ngungkuraken penganten putri, nanging ngajengaken.
Amrih timanem ing raos, penganten sungkem punika boten kesesa, boten kaereh dening dhukun penganten, nanging tuwuh saking raosing penganten piyambak. Dangunipun sumungkem ing pangkoning eyang, ibu, saha rama punika kirang langkung gangsal ngantos sedasa unjaling napas.
5.      Upacara Kirab
Upacara kirab inggih punika penganten kekalih dipunkirab ingkang lampahipun miyos saha nglangkungi pendhapi, gadri utawi emper, pawon, sumur, lajeng sasana santun busana. Punika kalawau pralambang jejibahanipun penganten kekalih sakderengipun mbangun bale wisma sesarengan. Kirap punika kaperang dados kalih, inggih punika kirab kanalendran lan kirab kasatriyan.
a.       Kirab kanalendran
Miturut Imam Sutardjo (2008: 93), busananipun kirab inggih punika:
1)      Basahan (gerbong kadhem), ngagem kampuh utawi dodot, makutha mathak (klawu), lancingan cindhe.
2)      Singkepan (kanigaran), jas tutup ngagem dhasi, nanging boten kakancingaken, werninipun kuluk cemeng.
3)      Langenarjan, jasipun wingking cekak, ngajeng bikakan, ngagem rompi, dhasi kupu, nyamping, saged ngagem kuluk utawi dhestar.
Lampahing kirab kanalendran punika werni-werni, kadosta:
1)      Paraga pamethuk sami sawega caket wiwaraning sasana pawiwahan, jumeneng jajar kalih-kalih (kajawi subamanggala), lajeng sami lumampah kanthi dipun-iringi gendhing tumuju dhateng sangajengipun sasana rinengga. Saksampunipun dumugi, lajeng dipunpiyak nganan ngering (ajeng-ajengan), subamanggala nunten sasmita dhumateng penganten kekalih, saprelu jengkar saking palenggahan.
2)      Menawi boten dipun-iringi gendhing, cekap kairing rerepen (tembang macapat) utawi mawi sulukan, dening paraga ingkang sampun piniji.
3)      Tanpa pethukan, sedaya paraga pamethuking kirab sampun sami satata wonten sangajengipun sasana rinengga, kantun bidhal.
Tataning paraga kirab inggih punika:
1)      Subamanggala (cucuking lampah) cacah 1
2)      Manggalayuda (satriya kembar) cacah 2
3)      Patah sakembaran (patahing penganten) cacah 2
4)      Penganten kekalih (kakung putri)
5)      Putri dhomas cacah 8
6)      Para warga wandawa (kakung putri), 3 – 4 sarimbit
7)      Besan (rama ibunipun penganten kakung)
8)      Panutuping kirab ingkang kagungan damel (rama ibunipun penganten putri)
b.      Kirab kasatriyan
Kirab kasatriyan punika pangiringipun sami kados kirab kanalendran, inggih mawi putri dhomas saha para warga wandawa (sanak kadang), ingkang beda namung agemanipun kemawon.
6.      Sabdatama
Sabdatama punika sejatosipun boten upacara baken, menawi boten dipunwontenaken inggih boten punapa. Menawi dipunwontenaken, ingkang paring sabdatama punika kedah priyantun ingkang sampun kapiji, inggih punika ingkang wasis micara, mumpuni, saha badhe mimbuhi kawibawanipun upacara pawiwahan. Suraosipun sabdatama punika prayoga kajumbuhaken kaliyan kawontenanipun penganten kekalih.
7.      Doa
Doa limrahipun katindakaken dening ingkang ngayahi jejibahan paring sabdatama sekaliyan, nanging inggih boten mesthi, saged dipuntindakaken dening tiyang sanes ugi.
8.      Pawiwahan paripurna
Pratandhanipun pawiwahan sampun paripurna inggih punika menawi penganten kekalih ingkang dipunkanthi dening rama dalasan ibu, jumeneng ing wiwaraning sasana pawiwahan, saprelu nguntapaken konduripun para tamu kanthi ajawat asta.

E.     Pangertosan Upacara Tumplak Punjen
Dipuntingali saking werdi etimologinipun, frase “Tumplak Punjen” punika kadadosan saking tembung “Tumplak” saha tembung “Punjen”. Tembung “Tumplak” punika tegesipun dipun-esohaken, ka-esohake, kawetahake, kawutuhake, dene tembung “Punjen” punika tegesipun mantu, mantokaken putra ingkang wuragil utawi barang darbe ingkang dipunpunji-punji utawi dipunklempak-klempakaken wiwit dados temanten (tiyang sepuhipun) taksih tirah lajeng dipunparingaken dhateng para putra wayah.

F.     Lampahaning Upacara Tumplak Punjen
Acara tumplak punjen katindakaken ing acara krobongan, saksampunipun dhahar kembul lan ngunjuk toya wening. Besan dereng karawuhaken ing pajangan sakcelakipun penganten, amargi tumplak punjen punika kalebet acara intern ingkang hamengku gati. Saksampunipun penganten pinaringan unjukan toya wening, penganten kajengkaraken saking palenggahan, tumuli kursi dhampar rinengga penganten kagem lenggah rama lan ibu. Para putra wayah atur sungkem utawi atur pangabekti wonten ngarsanipun rama dalah ibu, dipun-adani wiwit putra pambayun ngantos wuragil. Sungkem punika inggih perangan ingkang baken ing upacara tumplak punjen, awit mralambangaken atur pangabekti wonten ngarsanipun rama tuwin ibu bilih para putra tansah rumaos dipun-gulawenthah ngantos dados piyantun ingkang berhasil, inggih awit para putra sampun mentas sedaya. Mila para putra wayah tansah atur pangabekti kanthi sungkem lan ngaturaken panuwun wonten ngarsanipun rama lan ibu.
Saksampunipun upacara sungkem, rama dalasan ibu lajeng maringaken pundhi-pundhi kanthong dhateng para putra wayah utawi nyebar arta cring. Nggambaraken bilih ngaturaken raos sokur wonten ngarsanipun Gusti ingkang murbeng dumadi, karana putra ingkang wuragil sampun dhaup palakrama, tanggel jawabipun utawi ayahanipun minangka tiyang sepuh rama ibu sampun rampung. Mila bandha ingkang taksih tirah lajeng dipundum-dumaken dhateng para putra wayah.
Wonten ing saklebetipun acara tumplak punjen, pambiwara ngrenggani mawi rerepen sekar Mintajiwa, inggih punika:
Dhuh kulup, putraningsun
Sira iku wus wanci, pisah lan jeneng ing wang
Ywa kogung ing budi
Becik sira wirya sembada
Mandhireng pribadi
Amungta, wekas ing wang
Ywa pegat, teteki
Utawi dipunsarengi ladrang Santi Mulya. Purnaning acara tumplak punjen, penganten ingkang kawiwaha kalenggahaken malih ing dhampar rinengga, dene ingkang hamengku gati jengkar saking papan tunuju wiwara ngajeng mapag rawuhipun besan, tumuli kadherekaken lenggah ing sakcelakipun saprelu badhe nampi sungkem pangabektenipun penganten.

G.    Ubarampenipun Upacara Tumplak Punjen
Ubarampe ingkang dipunbetahaken ing upacara tumplak punjen inggih punika:
1.      Kanthong utawi pundhi ingkang dipunhias
2.      Kacang-kacangan
3.      Empon-empon
4.      Beras kuning
5.      Arta utawi redana
6.      Emas utawi jene, saha
7.      Permen

H.    Nilai Filosofis saha Simbolis Ubarampenipun Upacara Tumplak Punjen
Nilai filosofis saha simbolisipun saben ubarampe ingkang dados isinipun pundhi ing upacara tumplak punjen:
1.      Kacang-kacangan, mralambangaken kemakmuran utawi saged berhasil
2.      Empon-empon, mralambangaken kesarasan
3.      Beras kuning, mralambangaken sumber patedhan utawi rejeki
4.      Arta utawi redana, mralambangaken sarana kabetahanipun tiyang gesang
5.      Emas utawi jene, mralambangaken kadonyan
6.      Permen, mralambangaken kawigatosanipun raos tresna asih dhateng para wayah


BAB III
PANUTUP

A.    Dudutan
1.      Lampah-lampahanipun pawiwahan inggih punika: a) utusan; b) salar; c) nontoni; d) nglamar; e) ningseti; f) dhapukan panitya; g) kumbokarnan; h) jonggolan; i) pasang tarub, tuwuh, pasren; j) srah-srahan; k) siraman; l) paes; m) midodareni; n) nyantri; o) nebus kembar mayang; p) majemukan; q) tempuking damel utawi pahargyan pawiwahan.
2.      Paningset punika kaperang dados paningset baku, abon-abon lan pangiring. Ingkang kalebet paningset baku, kadosta: sesupe seser, setagen, sindur, semekan, lan sinjang truntum. Lajeng abon-abon inggih punika: jeram gulung, sekul golong, tebu wulung, pisah ayu suruh ayu. Dene pangiring inggih punika: wulu pamedaling pasiten lan kabetahan tiyang estri ugi jangkeping kepreluan balegriya (panganggen, pirantos-pirantos wingking, lsp.)
3.      Tatacara adat panggih inggih punika: ubarampe kedah sampun dipunsamektakaken, penganten putri dipunkanthi tumuju wiwaraning wiwaha, lajeng nembe nindakaken upacara panggihing penganten jangkep kanthi dipunpangarsani dhukun utawi rias penganten.
4.      Upacara adat sakbibaripun penganten panggih inggih punika: kacar-kucur, dulangan, timbangan, sungkeman, upacara kirab, sabdatama, doa, lan pawiwahan paripurna
5.      Tumplak Punjen, tumplak tegesipun dipun-esohaken, ka-esohake, kawetahake, kawutuhake. Punjen tegesipun mantu, mantokaken putra ingkang wuragil.
6.      Tumplak punjen katindakaken ing acara krobongan, saksampunipun dhahar kembul lan ngunjuk toya wening. Para putra wayah atur sungkem utawi atur pangabekti wonten ngarsanipun rama dalah ibu, dipun-adani wiwit putra pambayun ngantos wuragil. Mralambangaken atur pangabektinipun putra dhumateng rama tuwin ibu bilih para putra tansah rumaos dipun-gulawenthah ngantos dados piyantun ingkang berhasil, inggih awit para putra sampun mentas sedaya. Lajeng rama dalasan ibu maringaken pundhi-pundhi kanthong dhateng para putra wayah utawi nyebar arta cring. Nggambaraken bilih ngaturaken raos sokur wonten ngarsanipun Gusti ingkang murbeng dumadi, karana putra ingkang wuragil sampun dhaup palakrama, tanggel jawabipun utawi ayahanipun minangka tiyang sepuh rama ibu sampun rampung.
7.      Ubarampenipun upacara tumplak punjen inggih punika: a) kanthong utawi pundhi ingkang dipunhias; b) kacang-kacangan; c) empon-empon; d) beras kuning; e) arta; f) emas; g) permen
8.      Nilai filosofis lan simbolis ubarampenipun upacara tumplak punjen, inggih punika:
a.       Kacang-kacangan, mralambangaken kemakmuran
b.      Empon-empon, mralambangaken kesarasan
c.       Beras kuning, mralambangaken rejeki
d.      Arta, mralambangaken sarana kabetahanipun tiyang gesang
e.       Emas, mralambangaken kadonyan
f.       Permen, mralambangaken kawigatosaniun raos tresna asih dhateng para wayah

B.     Pamrayogi
Minangka tiyang Jawi, inggih punika tiyang sepuh ingkang badhe malakramakaken putra, kedahipun inggih tansah ngginakaken lampah-lampahanipun upacara adat penganten kanthi runtut saha jangkep, awit ing lebeting upacara adat punika ngemot pangajab saha suraos ingkang lebet sanget werdinipun. Budaya Jawi kedah tansah dipunjagi saha dipun-uri-uri amrih boten diaku-aku dening bangsa sanes malih. Ampun nggadhahi watak kagetan saha gumunan, kang senenge naming melu-melu budaya sanes inggih upacara panganten katindakaken ing lebeting gedhung, busana saha reroncening adicara ugi memper budaya sanes.
KAPUSTAKAN

Imam, Sutardjo. 2008. Kajian Budaya Jawa. Surakarta: Jurusan Sastra Daerah – FSSR UNS
Soenarwan, Hadipoernomo. 1998. Rantaman Jangkep Upacara Pahargyan Temanten. Sukoharjo: Cendrawasih
Sugeng, Surjanto, Muljono Djojomartono dan Moh. Oemar. 1978. Adat dan Tatacara Perkawinan Daerah Jawa Tengah. Jawa Tengah: Departemen Pendidikan dan Kebudayaan
Supardi, HP. 1990. Upacara Ngadat Tatacara Jawi Tumplak Punjen. Sragen: Pawiyatan Pambiwara saha Pamedhar Sabda Permadani
Supardi, HP. 1990. Upacara Penganten. Sragen: Pawiyatan Pambiwara saha Pamedhar Sabda Permadani
Supardi, HP. 1992. Upacara Penganten Miturut Tata Cara Kajawen Wonten ing Sekar Setaman. Sragen: Pawiyatan Pambiwara saha Pamedhar Sabda Permadani
Supardjo (dalam makalah). 2012. Sawetawis Bab Kabetahan Gadhah Damel Mantu Sambetipun lan Tatacara Adat Jawi (Surakarta). Surakarta


DHAPTAR LAMAN

Udik, Siswanto dalam blog Ari Zulaicha. 2013. Makna Piranti Perkawinan Adat Jawa. http://ari_zulaicha-fisip12.web.unair.ac.id/artikel_detail-72802-Indonesia-Makna Piranti Perkawinan Adat Jawa.html diunduh pada hari Selasa, 14 Mei 2013 pukul 09.50 WIB.
_____________. 2005. Adat Istiadat Jawa. http://karatonsurakarta.com/mantu.html diunduh pada hari Selasa, 14 Mei 2013 pukul 10.00 WIB.





Komentar

  1. boleh izin copas enggak nih , buat tugas basa jawa? lengkap sekali makasih

    BalasHapus
  2. Dyah Parameka Kumala : inggih sami-sami, bilih wonten ingkang kirang jumbuh, nyuwun tulung pamanggihipun nggih :)

    BalasHapus
  3. Qoid Hasan : iya sama-sama, boleh. Asal sourse tetap dicantumkan yaa :) makasih

    BalasHapus

Posting Komentar