Postingan

Menampilkan postingan dengan label geguritan

Murid Jaman Saiki

Gambar
Apa ta sejatine guru iku? Jare guru iku digugu lan ditiru Ananging kena apa kok ana guru lagi mulang Murid-murid padha ora gelem gatekne Ana kang crita dhewe karo kancane Ana kang malah turu Ana kang sms’an Lan ana uga kang saiki jamane lagi pesbuk’an ( facebook ) Jare sekolah bayare larang Kepengen pinter amrih mulya uripe Ananging pepingine kok ora jumbuh karo prihatine Oalah murid jaman saiki Sing dipengen anamung seneng-seneng B i ji apik lan isa oleh pagaweyan mapan Apa ya ana wong mulya tanpa rekasa? Dening :Wahyu Sulistiyaningsih Pendidikan Bahasa Jawa – FKIP UNS Komunitas “PULPEN IJO” Surakarta

Sigaraning Nala

Gambar
Raka.. kang arsa dumadi sigaraning nala Coba mirengna, ingung arep kandha Ing ratri iki, lumintang nora sedya nuduhake cahya Cinandra uga lingsem anamung ndhelik ing wurinya mega Lumantar bayu, dak titipake rasa katresnanku Kabeh rasa kangenku marang sira Kang samengko durung mangerti sapa Anamung pangajap dhumateng Gusti akarya jagad Sira lan ingung arsa pinanggih saha manunggal Supaya janma ing marcapada padha weruha Iya ingung tresna marang sira Angga iki bakal setya nengga rawuhipun sira Dening : Wahyu Sulistiyaningsih Pendidikan Bahasa Jawa – FKIP UNS Komunitas “PULPEN IJO” Surakarta

Mlaku-mlaku Sinambi Golek Ilmu ing Musium Sangiran

Gambar
Dina iki dina setu Kuliahku prei alias ora mlebu Tinimbang ing omah mung tura-turu Luwih becik aku mlaku-mlaku             Banjur aku sms kanca-kancaku             Prelune ngajak dolan metu             Kanca-kanca padha mbales smsku             Kanthi wangsulan “ Oke, aku setuju! ” Kencan lan nglumpuk ing prapatan Bareng-bareng dolan menyang Sangiran Mangkat mrana kanthi motoran Supaya ringkes, njur padha boncengan             Tekan Sangiran padha urunan             Kanggo tuku tiket lan tuku panganan             Ora dinyana jebul Sangiran uapik tenan             Bangunane pancen manteb tenan Mlaku bareng-bareng tumuju jero Nonton-nonton sinambi poto-poto Pranyata Sangiran iku wus diakui dening UNESCO Minangka salah sijine warisan budaya donya             Ing jero akeh diorama             Kang nggambarake uripe manungsa purba             Ing jaman semana             Nalika durung ana klambi lan clana Ing kana akeh lulang kewan K

BBM Mundhak, Rakyat Kepidak

BBM yaiku Bahan Bakar Minyak Tipi, radhio, internet padha mbengok “BBM mundhak..!” Saka patang ewu limang atus Dadi enem ewu limang atus Mundhake rong ewu Dudu dhuwit kang sithik kanggone wong cilik kaya aku Dhuwit rong ewu ping telung puluh Dadine sewidak ewu Wus bisa kanggo nyukupi liyane butuhku BBM mundhak rakyat kepidak Lha kepiye? Menawa BBM mundhak Lak mesthi kabeh ya melu mundhak Bisa-bisa wong mlarat dadi sangsaya mlarat Mikir urip, bisa-bisa nyawa oncat Mbok ya dhuwite rakyat ki aja dikorupsi Apa jek kurang anggone ngisi laci? Wong bandha mono ora digawa mati Mbok rakyate ki dirumati Wong jenenge wae wakil rakyat Rak kudune tatarane kuwi sak ngisore rakyat Kayadene wakil ketua Mesthi rak tatarane ya ngisore ketua Kudune bisa dadekake rakyat ki mulya Ora kosok walike Uripe rakyat mung digawe sengsara Kaya ngene Nuswantara? Jare negara sugih? Kok sih akeh rakyate keluwen? Patut? Patut ora? Dening: Wahyu S

Lamun Sira

Gambar
Pernah diterbitkan Majalah Mingguan Panjebar Semangat Edisi  31 Agustus 2013 Lamun sira dumadi putra Kedah sira nduweni patrap kang utama Kedah sira bisa ngabekti dhumateng tiyang sepuh Kedah bisa mikul dhuwur mendhem jero Kedah njagi perji piyambak, ugi rama kaliyan biyung Lamun sira dumadi murid Murid sira kang kedah nduweni laku becik Satuhu anggone padha sinau Tememen anggone golek ilmu Kinurmat dhumateng bapak saha ibu guru   Dening : Wahyu Sulistiyaningsih