Postingan

Menampilkan postingan dengan label Dongeng Bocah

Ranking Siji Dihadiahi Dolan Jurug

“Bocah-bocah, iki undangan kanggo jupuk rapot dina Setu sesuk, kudu diaturke dhateng bapak ibu.” Ngendikane Bu Sari, guru kelas papat. Kabeh siswa padha sorak-sorak seneng, amarga ngerti saben sakbubare jupuk rapot mesthi sekolah prei rong minggu, utawa umume mono diarani liburan. Nanging Beni ora, dheweke mung katon mrengut lan sedhih. “Teng..teng...teng...” swara wesi kang dithuthuk ping telu mertandhake wis wancine sekolah bubar. Beni langsung jupuk pit onthele ing parkiran buri kelas. Banjur dheweke mulih menyang omah kanthi rai kang tanpa mesem. Tekan ngomah, Beni nyendhekke pit lan ngaturke undangan jupuk rapot marang ibune. Ibune rada bingung weruh anake mulih kok raine mrengut gek meneng wae, nanging ibune ya ora takon apa-apa marang Beni, amarga Beni uga langsung njujug kamar. Ing kamar, Beni terus-terusan sedhih, dheweke semelang biji rapote elek. Dheweke kagolong siswa kang pinter, wiwit kelas siji tekan telu mesthi klebu ranking tiga besar. Nanging saiki dhewek

Molen dening Wahyu Sulistiyaningsih

Gambar
 Pernah diterbitkan Majalah Mingguan Panjebar Semangat Edisi 28 Desember 2013 “Bapak, meluuuu..” bengoke Alip marang bapake kang lagi mlaku ing dalan arep mangkat kerja bakti. Bapak noleh ing buri ya namung mesem krungu anake mbengok. Alip mlayu nututi bapake. “Kok dengaren arep melu bapak kerja bakti thole cah bagus? Mengko kowe kesel hlo.” Ature bapak sinambi mesem. Alip kang isih ngos-ngosan mung isa ngelek idu cenggelukan karo nyoba ngomong “Po po pokoke melu bapak.” Bapak ora bisa nglarang anake melu kerja bakti “Yo wis cah bagus, entuk melu tapi ra oleh nakal hlo ya,” bapak nggoda Alip. “Siap komandan!” jawabe Alip kemaki. Dina minggu warga kampunge Alip kerja bakti ngecor dalan, “Iki hlo le, sing jenenge molen.” bapak nduduhi Alip mesin kang kanggo ngudhak jenangan pasir. Alip rada bingung merga lagi weruh pisan kuwi. Tapi Alip ya manthuk-manthuk. “Woooo.. iya pak.” Kabeh warga dha nyandhak gaweyan dhewe-dhewe, padha semangat nyambut gawe ngecor dalan ing kampunge. Ali

Tibak’e Dudu Ondhel-Ondhel dening Wahyu Sulistiyaningsih

Gambar
Pernah diterbitkan Harian Solopos Edisi 13 Juni 2013       Kaya padatan, Siti tangi jam 04.00, ngewangi Mak’e masak ing pawon. Mak’e Siti pakartine dodol sarapan ing ngarep omahe. Wis keprungu adzan Subuh, Siti lan Mak’e nyelakne wektu kanggo sholat jamaah. “Adzan Mak, sholat riyin ngga.” a jake Siti. “Iya Ndhuk, kana masmu gugahen dijak sholat bareng.” Siti banjur nggugah mas’e “Tangi Mas, wis subuh ayo sholat!” Mas’e Siti jenenge Mukti, bocahe pancen rada males, gugahane angel, nanging nek digugah perkara sholat, dheweke ya gage tangi. “Uhooah, iya!” saurane Mukti karo ngolet. Mukti, Siti lan Emak gage wudhu, banjur wong telu sholat jamaah.       Sakwise sholat, Emak lan Siti nglanjutne masak, dene Mukti nimb a banyu ing sumur kanggo adus. “Lalalala, yeyeye lala yeye” Mukti adus mbi nyanyi ra cetha. “Mas, ndang uwis, rasah nyanyi-nyanyi, gek ndang genten aku!” bengoke Siti. “L