Cerita Anak

Gegayuhanku (Sulton)
Ing sawijining desa kanthi jeneng Balaksari yaiku desa cilik ing pinggir kutha ana bocah kelas 3 SMP jenenge Sulton. Sulton iku bocah saka keluwarga wong cilik, dheweke urip karo ibu lan adhine wadon jenenge Aida, bapake wis seda awit dheweke kelas 5 SD, ibune uga namung nyambut gawe srabutan sak bisane.
“Alhamdulillah, aku isih bisa sekolah tekan kelas 3 SMP sanajan aku anake wong ora nduwe lan ibuku namung nyambut gawe srabutan. Aja khawatir ibu, aku bakal mbales kabeh jasane ibu, aku bakal mbahagiaake ibu lan Aida”, batine Sulthon. Sulton nduweni tekad kudu sekolah sing temenan supaya apa kang dadi pangarepe bisa kabul.
Sekolahe Sulton muride ora pati akeh, amarga sing sekolah inggih namung wong-wong kang rada duwe dhuwit kajaba Sulton. Sanajan kancane wong-wong kang sugih, ananging Sulton ya ora isin, malahan dheweke ngarasa bangga bisa jejer lan sekolah bareng wong-wong kui mau. Kanca-kanca ora ana kang gelem nyedhak karo Sulton amarga dheweke nganggo klambi ya mung sak anane lan ora resik banget kaya liyane, nanging Sulton ora cilik ati. Sulton teritung bocah kang pinter lan mletik pikire mila ndadekake guru-guru padha seneng karo dheweke.
Saben mulih sekolah, Sulton nyandhak onthele, dheweke melu loper koran pak like ing kutha. Menyang kutha kui kudu ngepit kira-kira 1 jam amarga jarake ya rada adoh. Sulton sithik-sithik melu ngewangi ibune nggolek dhuwit, amarga kang dadi tulang punggunge keluwarga yaiku bapake wis ora ana. Sak bubare rampung loper koran kira-kira jam 4 sore dheweke bali mulih, dheweke ora langsung menyang omah nanging jujuk Pos Kampling. Ing kono Sulton ora dolan utawa nongkrong, nanging dheweke mulang kanca-kancane kang ora sekolah, dheweke nularke ilmu kang dientuki saka guru ing sekolah marang kanca-kancane.
***
Wayah lulusan teka, Sulton lan kanca-kanca liyane, tansah deg-degan lan wedi marang hasil ujiane, nanging dheweke tetep yakin nek Gusti Allah bakal nulung hambane kang tememen. “Ya Allah gusti, sedaya punika amargi kuasa Panjenengan, kula saged inggih amargi kersa Panjenengan, satunggal panyuwun kula Gusti, kula saged ndamel bungah ibu kula, kula pengin saged dados kebanggangane ibu ugi saged njunjung drajating tiyang sepuh kula”, dongane Sulton ing jero ati. “Sulton”, swarane guru kang nyeluk jenenge pratanda giliran hasile bakal ditampa. Ibune Sulton maju, hasil ujiane diserahke dhateng ibune. Lajeng ibune buka isine, lan ibu malah netesne eluh, Sulton dadi bingung kepiye hasile kok nganti gawe ibune nangis, amarga dheweke ya durung weruh hasile. Sulton takon dhateng ibune “Ana apa to bu? kepiye hasile? apa aku ora lulus? kok ibu malah nangis?”, Sulton uga melu nangis, nanging ibune malah ndekep anake “Ora anakku cah bagus, nangise ibu amarga seneng, kowe bisa lulus sekolah, bijimu uga apik kabeh”, ature ibu. Krungu ibune ngomong ngono, Sulton langsung sujud syukur lan ngambung tangane ibune. Sulton karo ibune banjur mulih menyang omah.
Tekan omah, ibune ora langsung mlebu, nanging linggih ana lincak ing emper. Ibune meneng, Sulton banjur takon “ Ana apa maneh ibu, kok ibu katon sedih?”, “Ibu pengin ngomong karo kowe anakku”, wangsulane ibu. “Inggih bu, wonten punapa?”, Sulton ganti mangsuli karo linggih ing sisihe ibune. “Kowe ora usah neruske ing SMA ya thole cah bagus, kowe nggolek kerja bae ngewangi ibu nggolek dhuwit kanggo urip, adimu Aida ya wis wayahe mlebu SD, ibu ora sanggup mbiayai”, ature ibu. Sulton langsung meneng lan murung, dheweke pengin banget sekolah nanging ibune wis ora kuat ngragati. Banjur Sulton mlebu kamar, “Aku pengin sekolah, aku kudu sekolah,nanging aku ora pengin nyusahke ibu”, batine Sulton kang lagi bingung. Wayah wengi dheweke nganti ora bisa turu, kepikiran kaya-kaya kang dadi gegayuhane kandas amarga omonge ibu ndhek awan. Tengah wengi dheweke sholat tahajud lan donga dhateng Gusti Allah, nyuwun petunjuk lan dalan padhang.
“Kukuruyuuuuuuk”, swara pitik kluruk pratanda dina wis esuk. Sulton banjur nyandhak onthele lan ngepit menyang kutha, dheweke moro ing SMA kang dipingini, amarga sekolah SMA eneke namung ing kutha. Tekan kana gerbang sekolah durung buka amarga Sulton saking semangat lan kesusu nganti ora nonton jam.
Sak wise sekolah buka, Sulton mlebu ing sekolah jujuk kantor guru, ing kono ana Pak Sali, salah sawijining guru ing SMA. “Kowe sapa thole? Kowe arep napa?”, pitakone Pas Sali marang Sulton. Sulton jelasne kepinginane nek pengin sekolah nanging ora nduwe ragat. Pak Sali weruh Sulton lan mesakne, banjur Pak Sali matur kalihan Kepala Sekolah ngusulne Sulton supaya bisa sekolah. Akhire Kepala Sekolah setuju lan Sulton bisa sekolah gratis amarga beasiswa, nanging syarate Sulton kudhu bisa juara nek melu lomba. Sulton krungu kabar kui mesem campur nangis, ”Matur nuwun bapak, matur nuwun sanget”, omonge Sulton karo ngambung tangane Kepala Sekolan lan Pak Sali.
Sulton banjur ngepit ngebut mulih, dheweke langsung ngabarke dhateng ibune kanthi ati ingkang seneng, ibune uga melu seneng krungu kabar kui. “Alhamdulillah anakku, ibu ya melu seneng”, ibune mesem karo ngelus-elus sirahe Sulton.
***
Sulton mlebu sekolah karo guya-guyu amarga seneng. Sulton sekolah ya tetep disambi kerja amarga adhine ya wis sekolah SD lan ibune saya tua. Sulton bisa entuk juara 1 terus saben lomba, dadi bisa ngabulke pangarepe Kepala Sekolah kang wis ngijinke dheweke bisa sekolah gratis ing SMA kono. Sulton uga bisa lulus SMA kanthi biji paling apik.
Ora mandhek semono pengine Sulton, dheweke isih pengin neruske sekolah ing Perguruan Tinggi. Saka kabeh prestasine nalika SMA, dheweke uga bisa entuk beasiswa ing Perguruan Tinggi. Dheweke jupuk jurusan guru, dheweke pengin dadi guru kang bisa menehi contoh marang wong liya lan bisa nularke ilmu marang wong liya, dheweke pengin kabeh bocah ing desane bisa sekolah dhuwur kaya dheweke. Pancen bener “Sapa kang tememen bakal tinemu” dheweke bisa dadi sarjana pendidikan lan dadi guru. Dheweke bisa nyenengake ibu lan adhine, bisa gawe omah kang layak, bisa urip mulya, lan bisa mbantu para warga desane. Apa kang dadi gegayuhane bisa kawujud. Syukure Sulton dhateng Gusti ora leren. Kabeh bisa dheweke entuk amarga Ridhane Gusti.

Komentar

  1. Terima kasih sudah berbagi informasi menarik dan bermanfaatnya
    Tetap semangat untuk share info yang lainnya!!!!

    BalasHapus

Posting Komentar