Tuladha Tembang Pocung kanthi Tema Corona (COVID-19) / Contoh Tembang Pocung

Ing ngisor ana saperangan tuladha tembang Pocung kanthi underan/tema corona (COVID-19) Pra siswa nandhang kahanan kang lumaku (12u) sekolah ing ngomah (6a) amarga ana pandemi (8i) nyebabake dadi repote wong tuwa (12a) Ing tembang dhuwur baris kapisan ana tembung "pra" kang asline ngono tembung "para" kalebu tuladha panggunaning tembung "plutan" (disuda cacah wanda/suku kata sisih tengah) =================================== Anjalari rekasa nggone sinau (12u) mung nyimak lan maca (6a) lumantar sinau daring (8i) ora paham ing pungkasan ora bisa (12a) Ing tembang dhuwur baris kapisan ana tembung "anjalari" kang asline ngono tembung "njalari" kalebu tuladha panggunaning tembung "uluran" (ditambah cacah wanda/suku kata) =================================== Aku pengen enggal wae cepet mlebu (12u) temu kanca-kanca (6a) enggal mari kangen iki (8i) muga-muga coronane cepet lunga (12a) Ing tembang dhuwur baris kapindho ana tembung "t...