BBM Mundhak, Rakyat Kepidak
BBM yaiku Bahan Bakar Minyak Tipi, radhio, internet padha mbengok “BBM mundhak..!” Saka patang ewu limang atus Dadi enem ewu limang atus Mundhake rong ewu Dudu dhuwit kang sithik kanggone wong cilik kaya aku Dhuwit rong ewu ping telung puluh Dadine sewidak ewu Wus bisa kanggo nyukupi liyane butuhku BBM mundhak rakyat kepidak Lha kepiye? Menawa BBM mundhak Lak mesthi kabeh ya melu mundhak Bisa-bisa wong mlarat dadi sangsaya mlarat Mikir urip, bisa-bisa nyawa oncat Mbok ya dhuwite rakyat ki aja dikorupsi Apa jek kurang anggone ngisi laci? Wong bandha mono ora digawa mati Mbok rakyate ki dirumati Wong jenenge wae wakil rakyat Rak kudune tatarane kuwi sak ngisore rakyat Kayadene wakil ketua Mesthi rak tatarane ya ngisore ketua Kudune bisa dadekake rakyat ki mulya Ora kosok walike Uripe rakyat mung digawe sengsara Kaya ngene Nuswantara? Jare negara sugih? Kok sih akeh rakyate keluwen? Patut? Patut ora? Dening: Wahyu S...