Postingan

Tibak’e Dudu Ondhel-Ondhel dening Wahyu Sulistiyaningsih

Gambar
Pernah diterbitkan Harian Solopos Edisi 13 Juni 2013       Kaya padatan, Siti tangi jam 04.00, ngewangi Mak’e masak ing pawon. Mak’e Siti pakartine dodol sarapan ing ngarep omahe. Wis keprungu adzan Subuh, Siti lan Mak’e nyelakne wektu kanggo sholat jamaah. “Adzan Mak, sholat riyin ngga.” a jake Siti. “Iya Ndhuk, kana masmu gugahen dijak sholat bareng.” Siti banjur nggugah mas’e “Tangi Mas, wis subuh ayo sholat!” Mas’e Siti jenenge Mukti, bocahe pancen rada males, gugahane angel, nanging nek digugah perkara sholat, dheweke ya gage tangi. “Uhooah, iya!” saurane Mukti karo ngolet. Mukti, Siti lan Emak gage wudhu, banjur wong telu sholat jamaah.       Sakwise sholat, Emak lan Siti nglanjutne masak, dene Mukti nimb a banyu ing sumur kanggo adus. “Lalalala, yeyeye lala yeye” Mukti adus mbi nyanyi ra cetha. “Mas, ndang uwis, rasah nyanyi-nyanyi, gek ndang genten aku!” bengoke Siti. “L